-->

Humor Ngapak - Matane Daplun Bengep

Bubar mangan awan, wong sekantor padha geger. Gara-garane kondisine Daplun sing miki dikongkon bosse meng toko balik-balik matane tengen karo kiwe  bengep bunder biru-biru.
Weruh kaya kuwe dadi padha pengin ngerti termasuk kanca kentele singjenenge Kemplu.

"Lo..loh...deneng matamu dadi pada bengep kaya kuwe ujarku miki dong mangkat esih waras deneng bali-bali pada bengep?"

Kemplu takon.  "Tela iya koh, agi olih rejeki lah kiye," Daplun semaur. 

'tiba kan montor apa diantemi preman, apa kenangapa?." Kemplu takon maning. 

"Nek diantemi preman tidokna wonge ben inyong karo kanca-kanca sing males, ben tek gebuki kuwe preman sing wani-wani gawe tanda tangan nang matamu," Kemplu sing terkena jeger nang ndesane ngomong kaya kesuh.

"Dudu tabrakan apamaning diantemi preman," Daplun semaur.
"Lah mbanjur anu kenangapa jajal cerita," Kemplu ngomong.

"Dadi kaya kiye, mau inyong kan dikongkon nang pak boss  kon maring toko kon tuku  keperluan kantor, nang toko  pas agi rame banget, dadine  pas nang kasir antrine ora  lumrah. Pas antri ndilalah  nang ngarepku kuwe ana wong  wadon gede duwur.

Tek deleng, rokke wong wadon mau kejepit  nang antarane bokong.

Weruh  kaya kuwe ya dadi tek tarik  maksude ben keton rapi. Eh..lah  koh ora maturnuwun malah  inyong ditempiling raine kena  mata sing kiwe;' Daplun centa kambi kaya kelaranen. 
"Lah jere sing diantem sing kiwe deneng sing tengen melu bengep?" Kemplu takon.

"Tekpikir deweke ora seneng nek rokke tek tokna sekang jepitan bokong dadi ya tek lebokna maning, lah koh kedadiane malah kaya kiye;' Daplun cerita kaya arep nangis.. '

"Oalah Daplun...Daplun... ya pantes bae ko diantemi, unfflng bae ora nana bojone  nek ana malah ko dipenclas gulune," Kemplu ngomong kambi nabok siraeh Daplun tapi malah sing ken raine.

"Adu.....hhhh..!l!" Daplun njent.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Humor Ngapak - Matane Daplun Bengep"

Posting Komentar

Terimakasih mengirim komentar, Anda akan mendapat tanggapan dari kami secepatnya, Terimakasih.

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel