-->

Humor Ngapak: Kemplu Nggolet Sekretaris

Humor Ngapak Banyumasan
Kemplu sing dadi boss nang perusahaan gede agi mbutuhna sekretaris. Mbarang dites akhire ana wong wadon lima sing lolos test, ndilalah ayu-ayu kabeh bodine semlohe-semlohe kabeh. Selain ayu-ayu kepinterane ya seimbang. Kiye sing merekna Kemplu dadi bingung arep milih sing endi. 

“Pintere padha, raine ya ayu-ayu kabeh, awake ya weweg kabeh jan inyong malah bingung arep milih sing endi, jajal ngesuk arep tek wawancarai sapa ngerti sekang ngono dadi ana sing cocok,” batin Kemplu. 

“Kowe padha wis lolos sekang test tertulis sing angel-angel. Siki gari ujian terakhir, cuman sekang wong lima kiye inyong kur milih siji sing mengkone bakal dadi sekretarise inyong gajine sekitar limolas juta sewulane,”Boss Kemplu ngomong. 

Krungu gajine sing gede banget, calon-calon sekretaris kuwe langsung padha mesam-mesem kayane seneng banget nek keterima. 

Boss Kemplu ambegan sedela karo mbatin, “Jan ayu-ayu temen yah,” batin kemplu. 

“Inyong arep aweh pitakonan, jawabane sing paling bener tur bisa diterima ngakal kuwe sing bakalan tek terima dadi sekretarisku. Sing tek takokna kuwe apa tugase sekretaris ?” Boss Kemplu takon.
Wong wadon ayu-ayu mau mbanjur padha mikir. “Jajal Sariwen kowe arep njawab apa..?” 

Kemplu nunjuk maring Sariwen. “Menurute inyong Sekertaris kuwe kanca nggo curhat ben bosse ora stres..,” Sariwen gole semaur mantep banget. 

“Hem… ya bener, kowe nduweni pandangan sosiologis sing apik,” ujar si Bos karo mesam-mesem katon puas. “Nek menurute Sawiyah kepriwe,” Boss Kemplu takon. 

“Nek menurute inyong ya boss, sekretaris kuwe kudu bisa ngrekap kabeh sing dibahasa nang rapat-rapat,” Sawiyah aweh jawaban. 

“Kowe ya bener, realistis tur detail inyong seneng,” Boss Kemplu ngomong. “Jajal nek kowe Saritem?” Boss Kemplu nunjuk Saritem. 

“Carane inyong sekretaris kuwe ya kaya buku, kudu siap nyediakna data-data sing diperlukna nang bosse,” Saritem gole ngomomg kaya percaya diri banget. 

“Apik banget jawabane,” boss Kemplu ngalem jawabane Saritem. “Nek kowe Salome apa jawaban-ne?” Boss Kemplu nunjuk wong wadon sing nang deretan ke papat. 

“Carane inyong sekretaris kuwe kudu bisa dadi penghubung nerusna informasi-informasi sekang Pak boss maring kanca-kanca perusahaan,” Salome ngomonge madan akeh. 

“Jawabane apik, kowe ngutamakna aspek komunikatif, kuwe sing penting sing kudu diduweni nang sekertaris.” boss Kemplu keton seneng. 

“Siki kowe Dakem, jajal jawabanne kowe kayangapa?” Boss Kemplu nunjuk wong Wadon sing nang pinggir dewek. 

Dakem nggole njawab mandan suwe soale kabeh jawaban sing dipikirna nang Dakem wis diomongna nang liya-liyane. 

Akhire Dakem njawab kaya kiye. “Sekretaris kuwe ibarat Laptop, kudu siap kapan baen dibukaki terus dinggo nang pak Boss,” Dakem semaur karo mesam-mesem. 

Krungu jawaban kaya kuwe Boss Kemplu ngasikan tiba njengkang sekang kursi saking kagete terus bar kuwe langsung ngadeg kambi ngomong. “YAA….!! KOWE TEK TAMPA!”(*

Sumber: radarbanyumas.co.id 7 Desember 2016

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Humor Ngapak: Kemplu Nggolet Sekretaris"

Posting Komentar

Terimakasih mengirim komentar, Anda akan mendapat tanggapan dari kami secepatnya, Terimakasih.

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel